Sunday, March 31, 2013

Profil Manchester United Dalam Bahasa Jawa


Manchester United F.C. (biasa disingkat Man United utawa mung ManU, diwaca men yu, utawa MU diwaca Em Yu), yaiku sawijining klub bal-balan utawa sepak bola Inggris kang basisé ana ing Old Trafford, Manchester.
Diwangun kanthi asesilih Newton HeathF.C. ana ing taun 1878 minangka tim sepak bola depot Perusahaan Kereta Api Lancashire lan Yorkshire Railway ing Newton Heath, jenengé diowahi dadi Manchester United ana ing taun 1902.
Sanajan wiwit biyèn wis klebu salah sawijining tim paling kuat ing Inggris, nembé wiwit taun 1993 Manchester United ngraih dominasi ing kajuaraan domestik nalika ana ing arahan sir Alex Ferguson - dominasi kanthi skala kang ora katon wiwit wusanané era Liverpool F.C. ana ing pertengahan 1970-an lan awal 1980-an. Wiwit ngglindhingé era Premiership ing taun 1992, Manchester United minangka tim kang paling sukses yaiku nganti kaping wolu ngrebut tropi juara.
Sanajan sukses ing kompetisi domestik, kesuksesan mau isih angèl dibalèni ing kajuaraan Eropa; MU mung naté ngraih juara ing Liga Champions ping pindho sadawane sejarahé, sing pungkasan nalika MU ngalahaké Bayern Munchen ana ing taun 1999 kanthi skor 2-1 liwat rong gol ing menit-menit pungkasan injury time sing dicithak déning Teddy Sheringham lan Ole Gunnar Soskjaer, kang sekaligus ndadèkaké MU kasil nyiptakaké "Treble Winners" (ngraih telu gelar gedhé sajroning samusim, yaiku juara Premiership, Piala FA lan Liga Champion) — sawijining pencapaian kang luar biasa kanggoné klub-klub Inggris.
Nalika tanggal 12 Mei 2005, pebisnis saka Amerika Serikat Malcolm Glazerdadi sing duwé klub, merga tuku mayoritas saham sing ajiné £800 juta (US$1,47 milyar) sairing karo akèhing protes saka para pendukung fanatik.
Manchester United wes ngelairake pemain apek. Kayo Goerge Best, dan Sir Bobby Charlton di era 1950-1960-an. Paul Ince, Eric Cantona, Laurent Blanc, Roy Keane, Peter Schmeichel, Ole Gunnar Solskjaer, Paul Scholes, Gary Neville, David Beckham, dan Ryan Giggs di era 1990-an. Dan Rio Ferdinand, Nemanja Vidic, Juan Sebastian Veron, Ruud van Nistelrooy, Edwin Van Der Sar, Park Ji-Sung, Cristiano Ronaldo, Wayne Rooney, Havier ”Chicharito” Hernandes, Shinji Kagawa, Robin Van Persie di era 2000-an dan ono sing isih dadi pemain MU teko sak iki.
Prestasi Manchester United teko sak iki :
·         19 kaping Juara Liga Inggris / Premier League :
Tahun : 1908, 1911, 1952, 1956, 1957, 1965, 1967, 1993, 1994, 1996, 1997, 1999, 2000, 2001, 2003, 2007, 2008, 2009, 2011
·         2 kaping Juara Divisi Satu Inggris
Tahun : 1936, dan 1975
·         11 kaping Juara FA Cup
Tahun : 1909, 1948, 1963, 1977, 1983, 1985, 1990, 1994, 1996, 1999, 2004
·         4 kaping Juara Carling Cup
Tahun : 1991-92, 2005-06, 2008-09, 2009-10
·         19 kaping Juara FA Charity/Community Shield (4 kali juara bersama)
Tahun : 1908, 1911, 1952, 1956, 1957, 1965*, 1967*, 1977*, 1983, 1990*, 1993, 1994, 1996, 1997, 2003, 2007, 2008, 2010, 2011. (* juara bersama)
·         3 kaping Juara Liga Champions UEFA
Tahun : 1968, 1999, 2008
·         Juara Winners UEFA
Tahun : 1991
·         Juara Super UEFA Cup
Tahun : 1991
·         Juara Intercontinental Cup/Kejuaraan Dunia Antar Klub
Tahun : 1999
·         Juara Piala Dunia Antarklub FIFA
Tahun : 2008

No comments:

Post a Comment